Sabtu, 25 Juli 2009

Budoyo Jowo

Sugeng pepanggihan, mugi panjenengan sedoyo dalah kulo,
tansah pinaringan berkah saking Allah SWT

Kados rumaos kuciwo ing manah, bilih kathah-kathahipun poro wiranem ing tanah Jawi ing wekdal meniko sampun boten emut purwo duksinanipun. Pramilo saking meniko senajan namung kanthi lambaran pagertosan kabudayan Jawi ingkang mbok bilih taksih dipun raosaken cupet dening poro priyagung lan kadang seniman, kulo badhe ngupadi raos handarbeni saking generasi mudho Jawi tumrap kabudayan Jawi lan budoyo ketimuran. Boten kesupen ugi, mugi kanthi lantaran tulisan meniko, samangkeh saged karipto satunggaling pakempalan ingkang dipun sapu kawati dening poro wiranem, khususipun kangge nguri-uri budoyo Jawi.
Sakyektosipun, kulo gadhah pangudo raos mekaten;
1. Kulo meniko rumiyin ngudi pasinaon wonten ing Universitas Teknologi Yogyakarta,
Fakultas Sastra & Budaya, Jurusan Pendidikan Bahasa Inggris, Program Diploma 3.
Wondene pasinaon meniko wau saged paripurno kanthi sae ing wulan Oktober, 2004.
Ananging, senajan kulo sinau bahasa Inggris kulo tansah caos sakkathah-kathahipun raos
tresno kulo dhateng budoyo lan seni ing tanah Jawi langkung-langkung wayang kulit lan seni
karawitan. Yen boten wonten alangan, menawi wonten pagelaran wayang kulit wonten ing
pundi panggenan, kulo tansah ber-apresiasi. Sebab kulo rumaos eman sanget menawi seni
wayang kulit ingkang sakalangkung sugih pangertosan meniko boten dipun nikmati.
Pengalaman ingkang sampun-sampun, pagelaran wayang kulit namung dipun pirsani dening
penikmat ingkang sampun sepuh-sepuh. Lha kok badhe nguri-uri, kathah poro wiranem
ingkang ngegungaken raos acuh lan luwih condhong dhateng kabudayan barat,

2. Semanten ugi,
Saking kathahipun paguyuban karawitan wonten ing pundi papan, generasi sepuh tetep
langkung kathah ing cacah tinimbang poro wiranem. Miturut kulo, kahanan kados mekaten wau sampun saged kangge ukuran bilih perhatian generasi nem-nemman dhateng budoyo
Jawi taksih kirang.
Saperangan tiyang nem-nemman wonten ingkang langkung nggatosaken gamelan
kontemporer. Gamelan kontemporer meniko sae sanget. Anamung, tetep kedah wonten
ugi engkang terus njagi gamelan ingkang klasik. Gamelan kontemporer langkung saged dipun
tampi dening generasi mudho, awit langkungm dipun raosaken langkung dinamis.
3. Saklajengipun,
Soyo dangu soyo dangu, kathah poro wiranem ing tanah Jawi ingkang sampun boten saged
wawan pangandikan mawi boso Jawi, soyo merosot unggah-ungguhipun. Kathah ingkang
boten saged njagi toto kromo dateng tiyang sepuhipun.

Pramilo monggo,
Kulo ngajak, khususipun dhateng diri pribadi kulo piyambak, umumipun dhateng panjenegan sedoyo, monggo sesarengan tansah anguru-uri budoyo adiluhung. Mugi saged migunani dhateng katentremaning negari.

N U W U N